Kaca:Murkane Ibu.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Tresna Kang Langgeng

Muhammad Isnaini SMA Negeri 1 Samigaluh, Kulonprogo

kd

N ore-sore aku ketemu karo bocah wadon. Bocah mau jenenge,

ika. Omahe sakdeso karo aku. Asline aku wis kenal. Maklum, jenenge wae sakdesa. Nanging, pas ketemu dina iku aku rasane saya cedhak karo dheweke. Awit saka acara syukuran sing nganak- ake pakdheku. Nanging, aku biyen durung wani mblakakake rasa tresnaku marang Mika. Dina ganti dina, aku setuju kanggo nyam- bung rasa. Dina-dina kang nyenengake tak lakoni kanthi seneng lan bungah.

Nanging, dina Senen iku, aku dikagetake saka omongane kanca akrabku. Mika kuwi wis duwe pacar liya. Aku rasane ora percaya. Mula aku ngajak Mika dolan-dolan menyang grojugon Widodaren. Durung ana 30 menit, Mika ngajak mulih. Nanging, nalika isih ana dalan ana wonglanang ngganthengnyegat pit onthel kang tak tum- phai aku karo Mika. Aku mandheg, greg. Wong lanang mau lang- sung takon marang Mika.

“Sapa wong lanang sing mboncengke kowe?” pitakone kanthi mripat mlirik marang awakku.

“Iki kancaku” jawape Mika kanthi swara lirih.

Sakwise Mika njawab, aku banjur takon marang Wong lanang mau.

“Sapa jenengmu? Ana sesambungan apa karo Mika.”

Nanging, durung nganti njawab pitakonku, bocah mau lang- sung nggeblas lunga.

“0, dadi kowe seprene ngapusi aku?” pitakonku kanthi rasa jengkel marang Mika.

114 = Antologi Crata Cekak ee.