Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 8

1. WACAN

A. Wacanen batin kang premati !

CATURWARGA

Wiwit tumapake program Keluarga Berencana (dicekak KB) ana ing tahapan katelu, ing wektu iku muncul istilah anyar, Caturwarga. Mirid tembung-tembung kasbut, catur tegese papat, lan warga tegese anggota. Dadi Caturwarga tegese anggota cacah papat, yaiku rama lan ibu ditambah putrane loro.


Wektu iki program KB prasasat wis tumapak saka desa ngadesa. Ananging tumindake program kasbut ora mung nengenake marang pengaturan jarak kelairan bae, nanging luwih saka kuwi nduwei tujuwan marang peningkatan kesejahteraan. Mula wis samesthine manawa program KB wektu iki dudu dadi tanggung jawabe BKKBN bae, luwih saka kuwi iya dadi tanggung jawabe masyarakat lan kudu ditandangi kanthi bebarengan.


Kanyatane program KB pancen kanggo masyarakat. Mula wis sapantese program iki uga kudu kita biyantu tumindake. Sarana bantuwan iki salah sijine babagan pembangunan kang diayahi pemerintah dadi luwih entheng. Klawan mangkono pemerintah bisa luwih mengenake kawigatene marang pembangunan babagan liya kang pancen mbutuhake kawigaten mligi.


Saka data-data kang cinathet ing Kantor BKKBN Propinsi Jawa Tengah disebutake, yen nganti sasi Juli 1988, kepungkur ing Jawa Tengah tinemu 3.459.847 peserta KB aktif saka 6.385.392 pasangan usia subur (PUS) kang ana. Bab iki ateges wis 74,2 % saka saindenging pasangan usia subur kang ana.


Kanthi nggayuh gunggung sarta cacahe peserta KB aktif semono mau, ateges tumindake program KB ing Jawa Tengah wis ana kemajuwane. Malah ora kliru manawa kena diarani ngancik tahap pengembangan masyarakat. Iya tahapan iki kang asring sinebut minangka tahap pelembagaan/pembudayaan program, KB kanggo nggayuh Norma Keluarga Kecil Bahagia & Sejahtera (dicekak NKKBS).

97