Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tumindake Program KB ing Jawa Tengah wektu iki wis wiwit dirintis sarana Proyek Pelayanan Terpadu (Proyandu) kang katindakake antara liya dening ibu-ibu PKK, Persit Kartika Can- dra Kirana, Dharma Wanita lan Pondok-pondok Pesantren ing laladan Jawa Tengah. Proyandu kang kanthi resmi kawiwitan taun 1983 mujudake kegiyatan pelayanan antara Kesehatan, KB lan Kependudukan, lan Peningkatan Pendapatan Keluarga, kang dileksanakake kanthi terpadu dening Lembaga Lintas Sektoral lan Kelompok Masyarakat.


Kegiyatan kang ditindakake dening Proyandu dumadi saka pemeriksaan kesehatan, immunisasi, pemeriksaan ibu kang ngandhut, ceramah, simulasi, ketrampilan lan dialog antarlembaga. Kegiyatan kasbut pungkasane katindakake dening Kelompok Penimbangan (Pokbang). Klawan mangkono wusanane Pokbang owah dadi Pos Pelayanan Terpadu (dicekak Posyandu).


Program KB ing Indonesia kang dirintis dening Perkumpulan Keluarga Berencana wiwit 25 Desember 1957 kanthi ancas ndhapuk keluarga Indonesia kang bahagia, bakal luwih kasil. Rasa mongkog thukul, merga tumindake program KB kanggo nggayuh NKKBS, masarakat diwenehi kalodhangan kanggo ngoper pengelolane saprabeyane pisan. Iki ateges jiwa swadaya tetela nuwuhake rasa marem marang sapa bae.


Ing wektu iki kasile Caturwarga pancen wis bisa dirasakake. Peputra loro cukup. Istingarah bisa gampang anggone nggedhekake, ngragadi lan minterake. Sukur bage anak loro bisa njunjung drajate rama ibu kang ngukir jiwa ragane. Tinimbang anak akeh prasasat mbruwah, mbutuhake wragad kang ora sethithik lan durung mesthi kasil anggone anggulawenthah.


Malah ing desa-desa racake saiki akeh pasangan usia subur kang isin manawa bubar dadi temanten banjur age-age ngandhut. Keh-kehane padha ngrasakake urip sakloron sawatara lawase, lagi yan wis rinasa cukup pasangan kasbut ngajab momongan. Lanang utawa wadon padha bae jer kabeh mau nugrahaning Gusti kang kudu tinampa kanthi lega-lila.


Kita suka-sukur dene program KB wis bisa tumapak sawatara lawase nir sambekala sawiji apa.

98