Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/94

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

  Kreta sumerep Rapingun kabekta nglumba-nglumba Hel, manahipun geter, badanipun ngoplok, kuwatos mbokbilih Rapingun kacilakan. Sarehning boten saged nulungi, tur Rapingun inggih boten betah dipun tulungi, Kreta namung ngetut wingking saking katebihan kemawon.


 Sareng Hel anggenipun nglumba-nglumba lan bigar sampun radi kendho, lis dipun inger. Hel terus dhateng margi ageng, ngener mangaler dhateng Gandhirata. Lis dipun kendhoni, Hel mlumpat lajeng nyongklang mendhar, badanipun nguler kilan, mbandhangipun dipun etog saestu. Kreta nututi dhateng margi ageng, nanging namung sumerep sageblasan Rapingun sampun boten katingal.


 Ing ngriku ugi kathah tiyang ingkang sami ningali. Sanajan Rapingun sampun boten katingal, tiyang-tiyang boten enggal sami kesah, malah sami rembagan ngraosi tindakipun Rapingun wau. Wonten ingkang nglepataken, wonten ingkan nutuh. Nanging ingkang kathah sami ngalem. Ewadene sadaya wau boten sepen was-sumelanging manah. Langkung-langkung Kreta, namung tansah bingung kaworan maras thok, boten ngretos kados pundi murih Rapingun saged wilujeng.


 Mbandhangipun Hel sampun angsal tigang pal, dereng katingal kendho. Rapingun mila saged ngereh dhateng kapal, dhasar tatag tur prayitna. Mila sanajan mbandhangipun Hel kados mimis, tur wonten margi ageng, ingkang sanajan boten nama rame, nanging inggih boten sepen, inggih wilujeng.


 Sareng lampahipun nyandhak kawan pal, lis kapepeg, Hel purun kendho, lajeng mlampah drap. Angsal saepal malih lis dipun pepeg malih, lampahipun dados adheyan. Tindak makaten wau minangka kangge ngasokaken Hel. Sareng lampahipun dumugi dhistrik Candhirata, kringetipun kados dipun sokaken, sami urut suku. Nanging wantering manahipun Hel dereng mantra-mantra suda, katitik saking raosing lis.


 ing pangangkahipun Rapingun, lampahipun Hel badhe dipun kendhokaken malih. Lis lajeng kapepeg malih. Nanging boten kendho, malah badhe mbandhang. Rehne ing ngajeng marginipun badhe nekuk sanget lan njuleg, tur wonten kretegipun ciyut, panyepengipun lis kendhali tres dipun rosani. Hel nglumba, meh ngadeg jejeg, kupingipun njepiping, bekas-bekos kaliyan gebres-gebres, mratandhani yen muring. Panyepengipun lis terus dipun pepeg, awit ngengeti rumpiling margi. Sareng lampahipun sampun nglangkungi margi ingkang njuleg lan kreteg ingkang ciyut, lis dipun longgari, malah dipun gedheg sawatawis. Hel lajeng mbandhang. Marginipun tansah minggah-mandhap. Saben badhe minggah, lis dipun gedheg. Sampun temtu Hel ngetog kekiyatanipun. Sareng lampahipun angsal tigang pal malih, Hel katingal kendho. Sanajan kasereg, lampahipun inggih namung drap. Ing ngriku nyata yen Hel sampun lemper saestu. Sakedhap malih lampahipun Hel dados adhean. Dumugi onderdhistrik Bejen, Hel purun dipun kendelaken. Rapingun lajeng medhak. Hel dipun epuk-epuk lan salighh jak wicanten mawi tembung manis.


 Boten dangu Hel katingal gambira malih. Rapingun enggal nyengklak. Lis kaputer, badhe wangsul. Hel lampahipun drap, nanging kala-kala taksih

92