Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Hel katingal tutut, lajeng dipun epuk-epuk, wiwit saking sirah ngantos dumugi ing jalak. Sareng tangan dumugi ing geger, Hel kraos keri, badhe nggiwar, nanging boten saged. Dados namung suku wingking kemawon ingkang minger adegipun. Awit ingkang makaten wau mratandhani bilih Hel badhe angel dipun abah-abahi. Rapingun lajeng nindakaken reka-daya. Sukunipun Hel ingkang ngajeng sisih kiwa dipun cepeng, kajunjung, katekuk mepet kaliyan pupunipun, lajeng dipun tangsuli. Dados Hel adegipun namung kasanggi suku tiga.

 Hel polah, badhe uwal, nanging inggih namung mugat-muget kemawon, amargi suku ingkang tumapak namung tiga, tur congor sampun mepet wit sawo. Mila prasasat boten saged ebah.

 Kreta sumerep kawontenan wau suda sumelangipun, lan pitados yen Hel badhe kenging dipun abah-abahi dening Rapingun piyambak.

 Rapingun lajeng mendhet slebrak, katumpangake ing gegeripun Hel. Hel mende! kemawon. Lapak lajeng katumpangaken, kapepetaken majeng, murih boten ngewahaken kencenging amben. Amben katangsulaken ngantos kenceng, karangkep kalih. Lajeng dipun rangkepi malih mawi amben gendhong. Sanajan Hel ngetog budinipun, amben boten saged kendho lan boten sumelang yen pedhot.

 Lis ingkang satunggal kaetrapaken ing kendhali pangen ingkang dipun slurupi dhadhung wau, satunggalipun malih kaetrapaken ing kendhali tres. Sanggawedhi kaukur cekapan panjang-celakipun. Lis katangsulaken ing gelangan-pongoling lapak. Dhadhung ing gulu ingkang kaslurupaken ing kendhali pangen, ingkang katangsulaken wit sawo, dipun uculi, Hel kraos longgar saking wit sawo, lajeng badhe budi. Nanging meksa boten saged, jalaran sukunipun ingkang satunggal dereng tumapak, taksih katekuk, dipun tangsuli. Dhadhung lajeng kaubedaken ing gulu.

 Rapingun wiwit tata-tata badhe numpak. Lis kapendhet saking gelangan lapak, kacepeng tangan tengen, tangan kiwa nyendhal tangsul wangsul ingkang ngerut suku kaliyan pupu. Sukunipun Rapingun sampun tumumpang ing sanggawedhi. Sareng lan tumapaking suku ingkang kaerut, Rapingun sampun tumumpang ing lapak, suku tengen mancal sanggawedhi sisih tengen. Tangan kalih nyepeng lis. Sami sakala Hel nglumba, njondhil Kaliyan nendhang, nggiwar ngiwa-nengen, nubruk-nubruk lan badhe mbandang. Amargi sadangunipun Hel dipun abah-abahi, punika prasasat ngaso, dados napas pulih kados waunipun malih. Mila badhe bigar malih. Nanging lis kapekak, dados kadhung, namung nglumba-nglumba kemawon, Rapingun kajawi ngengeti rupaking papan, jalaran wonten pekarangan, mila kajarag supados Hel suda kekiyatanipun dening anggenipun nglumba-nglumba, awit badhe ngambah margi ageg, kathah tiyang mlampah. Samangsa kekiyatanipun suda, tandangipun inggih suda, dados boten patos mbebayani. Lan malih kangge anjagi sampun ngantos Hel pedhot napasipun. Awit kathah kemawon kapal Sandel ingkang mbandhang lajeng ambruk terus pejah, Makaten wau jalaran saking Jepatipun ingkang numpak, dening kirang dugi-dugi, dumeh kapalipun kiyat mbandhang kemawon.

91