Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

purun ngosog. Sanajan makaten, sareng lampahipun angsal tigang pal, drapipun inggik lajeng kendho, dados drap alus. Boten dangu dumugi Candhirata malih.


 Saking Candhirata marginipun mayat. Saking kajengipun Rapingun, murih Hel kapok anggenipun purun mbandhang, lis lajeng dipun gedheg. Hel inggih lajeng mbandhang. Dereng angsal tigang prasakawan pan sampun malih drap. Hel dipun gedheg malih. Lajeng mbandhang malih. Nanging saweg sawatawis tebihipun inggih dados drap malih. Makaten wongsal-wangsul, ngantos Hel katingal lemes. Wiwit punika Hel kalampahaken lon-lonan ngantos saepal tebihipun, minangka kangge ngaso. Yen mentas mlampah lon-lonan, lajeng dipun drapaken. Makaten gontas-gantos. Sareng meh dumugi Ngadi-reja, saking katebihan Rapingun sumerep Kreta mlajeng methukaken. Kala Samanten lampahipun Hel adheyan. Sareng kapethuk Kreta, Hel mandheg greg. Rapingun panyepengipun lis mawi tangan kiwa, tanganipun tengen mendhet kacu kangge ngusapi kringetipun ingkang pating dlewer ing rai lan ing gulu, kaliyan mesam-mesem.

Kreta pitaken semu gugup :
"Rak boten napa-napa ta, Mas Rap ?”
“Enggih napa-napa mawon.”
“Lo, rak boten onten alangan napa-napa ta ?”
“Onten mawon alangane.”
"Yah mas Rap iki, ditakoni tenan kok geguyon.”
"Lah pripun ta?”
”Napa boten manggih kasangsaran ?”
"Nek kasangsaran boten. Mung alangane, teng Bejen pancene kula ngelak banget, nanging boten bisa tuku wedang.”
"Nek mung ngoten mawon nggih boten dadi napa. Kuwatos kula boten
kanten-kantenan kok.”
"Ndara Seten napa empun kondur ?”
"Saweg mawon.”
"Napa boten ndangu ?”
"Ndangu. Malah kula didhawuhi ngrumiyini, Ndara Seten ajeng mapag ngangge oto.”
"E lah, empun kula ngriyini mawon.”

 Hel angsal ngaso sakedhap, dipun dhedhet lisipun, lajeng drap memet. Sareng meh dumugi sajawining dhusun, Rapingun sumerep oto Overland dhateng, nanging lajeng mandheg. Boten dangu katingal den bei asisten wadana medhak saking oto. Hel dipun pepeg, lampahipun dados macan nubruk. Dumugi ngajengipun den bei asisten wadana, Hel dipun endhegaken. Upas kalih ingkang sami ndherek sami mlongo, taksih linggih ing bak wingking. Den bei asisten wadana prentah supados Rapingun terus wangsul. Lis lajeng kadhedhet, Hel mlampah, ngentrag, sontan-santun kaliyan macan nubruk. Tiyang-tiyang sami cingak dene Rapingun saged wangsul kanthi wilujeng. Punapa malih sumerep lampahipun Hel sajak gemagus. Mangka lampah makaten wau namung tumrap kapal ingkang sampun mbangun turut lan sampun dipun ajari.

93