Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kreta sumerep polahipun Hel kados makaten wau ajrih, maras, sumelang.


"Empun Mas Rap, empun. Riyin mawon dilimani, kok saniki ajeng diijeni. Blai mangke!"
"Diijeni pripun, ta. Rak enggih diloroni ta kalih sampeyan."


"Ah, boten janji! Kula boten saguh lo Mas Rap. Riyin mawon sing tiyang kathah kula boten wantun, mung mendhetake lapak thok. Saniki malih mung sampeyan ijen, wantuna. Mangka sampeyan kulinane mung kalih oto mawon sing boten saged mengkal. Boten, boten, boten estu lo !"
"Sampeyan mung nyekeli mawon, kula sing nglapaki."
"Boten ah, boten. Riyin mawon sing tiyang kathah kuwalahen, kula malih bisaa !"
"Enggih, ning nek sampeyan sing nyekeli, mesthi nurute."
"Ah, boten estu lo Mas Rap. Wong nyawa mung siji jare arep dienggo dolanan. Gumampang sampeyan niku."


Rapingun namung gumujeng kemawon mireng wangsulanipun Kreta kipa-kipa wau. Kreta tansah ngulataken Hel, uger Hel mbekos, Kreta kaget, sajak badhe mlajeng kemawon. Ing batos Kreta nemtokaken yen Hel mangke badhe ucul lan dados damel. Boten wande piyambakipun meksa tumut ngrekaos, mila manahipun tansah sumelang kemawon.


Tangsul bago ingkang saking kendhali, dipun wedalaken nglangkungi sloroking konten, terus kaulur, katangsulaken ing wit sawo manila ingkang sampun ageng, kaprenah satengen gedhogan. Sloroking konten wonten tiga. Slarak ingkang ngandhap piyambak dipun bikak. Slarak'nginggilipun pantekipun dipun lolos, nunten slarak kabikak sareng. Sami sanalika Hel mlumpat saking gedhogan kados sima nubruk mangsan: Makaten ugi Kreta, enggal mlajeng nebihi gedhogan, dhateng panggenan ingkang boten mbebayani. Manahipun trataban, tangan lan sukunipun sami ndhredheg.


Dumugi plataraning gedhogan Hel bigar, badhe terus mbandhang, nanging boten saged, jalaran dhadhung, kendhali lan witipun sawo santosa sanget.


Rehning anggenipun badhe mbandhang kecuwan, Hel lajeng nglumba-nglumba, nendhang-nendhang, nubruk, milar ngiwa-nengen ngubengi wit sawo. Rapingun lajeng murugi wit sawo, dhadung kadamel longsor klowonganipun. Hel mubeng-mubeng, dhadhung boten saged nggubed. Polahipun Hel ngedab-edabi sanget. Sakedhap kemawon plataran sakubengipun wit sawo sampun dados kados paculan.


Rapingun katingal bingah. Saben polahing Hel katingal kendho, lajeng dipun opyak-opyak mawi wilah panjang. Sampun temtu kemawon Hel lajeng ngetog karosanipun malih. Satengah jam kemawon Hel sampun adus kringet. Sareng sampun saejam, Hel tandangipun katingal radi kendho. Dhadhung lajeng katarik mepet wit sawo. Sareng congoripun Hel sampun memet wit sawo, lajeng kaerut mepet, ngantos Hel boten saged ndhangak utawi ndhingkluk.

90