Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

"Dados ngantos dangu?"
"Enggih! Ndara den ayu menika awis-awis tindak. Nanging yen sampun kersa tindak, inggih sok mremen-mremen kados alang-alang kobong."
"Tiwas kebeneran !"
"Dospundi ta ?"
"Boten napa-napa."


Rapingun kesah, mlebet dhateng kamaripun. Boten dangu medal, ngangge sruwal dril ijem cekak, rasukan namung rangkepan, dipun cancutaken dumugi sikut, gulonipun dipun bikak cara Amerikan, mawi nyangking dhadhung bago ageng, panjangiun nem meter, tanganipun kiwa nyangking sarungan kendhali, kabekta dhateng gedhogan. Lajeng wangsul malih mendhet pisang, prelu kangge makani Hel kados adat saben.


Hel sampun wanuh dhateng Rapingun. Mila sareng Rapingun dhateng, lajeng gereng-gereng, endhasipun dipun anglungaken ing slarak kaliyan ngambus-ambus tanganipun Rapingun, dene pisang dereng dipun tedahaken. Rapingun lajeng mepet ing gedhogan. Sirah lan badanipun dipun ambus-ambus sadaya, kados adat saben. Hel gentos dipun elus-elus saking cithak ngantos dumugi ing jalakipun. Samangke cetha bilih Hel boten namung wanuh kemawon kaliyan piyambakipun, nanging kenging dipun wastani sampun anjilma.


Kreta sumerep, gumun, wicanten :


"Wah gumun aku, Hel kena digunani Mas Rap !"
"Ta ngandel boten saniki sampeyan ?"
"Enggih empun!"
"Guna bisa niku sing mandi dhewe sambang sesrawungan, bisa nuju prana."


Hel dipun ulungi pisang sauler, terus dipun mamah. Saben telas dipun sukani malih. Sadangunipun Hel nedha pisang, gulunipun dipun puk-puk, dipun jak rembagan mawi tembung manuara, dipun sukani ulat manis. Mila sanajan kapal bandhol, Hel inggih lajeng tutut, mendel kemawon kaliyan nedha pisang.


Rapingun lajeng ngetrapaken dhadhung ing gulunipun Hel kanthi lon-lonan. Sadangunipun Hel nedha pisang, cangkemipun dipun lebeti kendhali kalih, tres lan pangen. Sareng sarungan badhe kaetrapaken ing githok, Hel badhe budi, nanging lajeng dipun arih-arih lan dipun elus-elus, sarta boten kendhat dipun sukani pisang, satemah lajeng anteng malih. Sareng sarungan sampun kaetrapaken, tangsul uwang dipun angslupaken ing timangan. Dhadhung lajeng kaslobokaken ing gelanganing kendhali kiwa-tengen, kaubedaken malih kaliyan dhadhung ingkang saking gulu, murih gelangan boten mlesed ngiwa utawi nengen. Rantening kendali tres dipun pasang.


Sareng Hel kraos cangkemipun kaereh ing kendhali, lajeng budi, palanging gedhogan dipun pengkali. Nanging sarehning sampun dipun wekani, mila boten nguciwani. Polahipun Hel kados badhe mlumpat-mlumpata, nanging slarakipun dipun kerepi manginggil, mila namung gidro-gidro kaliyan nendhang-nendhang kemawon.

89