Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 7

I. WACAN

A. Wacanen batin sing premati !

PEMILU


Pemilihan Umum kang sabanjure dicekak Pemilu, ing Indonesia diadani saben limang taun sepisan. Iki wis cundhuk klayan tumindake UUD 1945 kanthi mekarake demokrasi Pancasila. Mula wis samesthine manawa Pemilu mau sinebut uga pesta demokrasi. Yaiku pestane rakyat kanggo milih anggota-anggota DPR kang pinracaya ngembat bang-pangalumaluming negara.

Wiwit tumapake jaman Orde Baru saprene ing Indonesia wis kaping papat dianakake Pemilu. Pemilu kang pungkasan diadani tanggal 2 Mei 1987. Ing Pemilu mau kacathet ana kontestan cacah 3, yakuwi Partai Persatuan Pembangunan (PPP) mawa tandha gambar bintang, Golongan Karya (Golkar) mawa tandha gambar wit waringin, lan Partai Demokrasi Indonesia (PDI) mawa tandha gambar endhas bantheng.


Ing sajroning kampanye pancen rame. Prasasat tawa program digembar-gemborake mrana-mrene. Kabeh program sing ditawakake apik lan tharik-tharik. Lan kabeh mau ora liya iya rakyat kabeh kang kudu melu nyengkuyung.


Pancen swasana kampanye ing Indonesia ora padha karo kampanye ing sawatara negara manca. Ing negara manca ana kalane malah dadi pancakara, Nanging kampanye ing Indonesia ora mangkono. Kabeh padha sadhar, manawa Pemilu mono mujudake piranti kanggo nuwuhake demokrasi Pancasila, cocog karo kang dikarepake dening Pancasila lan UUD 1945. Mula tukar-padu lan cengkah panemu pancen ora perlu ana. Kabeh bisa lumaku rancag, ora tuding-tudingan lan nyebar pitenah kang tundhone bisa njalari kapitunan. Iya tuna tumrap

mungsuhe, lan iya tuna tumrap dhiri-pribadine.

76