Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pancen wis dadi paugeran tumrap partai lan golongan kang melu ambyur ing glanggang Pemilu. Ing kene ora ana mungsuh. Sing ana padha kanca lan partner. Iya partner ing sajroning nindakake demokrasi Pancasila apadene partner sajroning ngleksanakake pembangunan. Mbokmenawa wis dadi tekad lan tujuwane OPPU (Organisasi Peserta Pemilinan Umum) manawa tetelune ora ana kang beda. Kabeh geleng ing tekad nedya mbudidaya sakuwat-kuwate narik kawigatene 93,9 yuta penduduk Indonesia kang nduweni hak pilih, supaya ing dhenge gawe mengko padha nyoblos tandha gambare.

Ing kono rakyat dijamin, bisa lan kena milih kontestan apa bae kang dianggep cocog klayan budi-nuranine. Rakyat sacara politik wis cukup dhewasa, ora bakal ngladeni tumindak kang sasar lan pangajak kang njlomprongake. Pemilu diadani kanthi azas LUBER, cekakan saka langsung, umum, bebas lan rahasia.

Pancen akeh kang ngakoni, manawa tumindake Pemilu taun 1987 iki luwih becik lan luwih sempurna katandhing karo Pemilu sadurunge. Ing azas LUBER kaya kang kacetha ing ndhuwur wis ora bisa dianyang maneh. Awit rakyat wis luwih pinter lan kritis, lire ora gampang dirayu lan diapusi mengkono bae. Kang dibutuhake rakyat bukti, bukti lan kanyatan.

Rehne kabeh kontestan ngaku manawa azase ora ana liya kejaba Pancasila, semono uga ideologine, mula kang kudu ditawakake marang rakyat yaiku program. Ora ana liya !


Mbokmenawa ora jeneng keladuk manawa ana kang alok, "Pak suk yen wis padha lenggah ing kursi DPR, sumangga diperjuwangake kepentingane rakyat cilik, kang mujudake saperangan gedhene bangsa Indonesia. Iya rakyat cilik mau kang saprene isih mbutuhake kawigaten. Lan iya rakyat cilik uga kang nyengkuyung amrih banjenengan, lenggah ing kursi DPR”.


B. Wangsulana !

  1. Apa sababe Pemilu iku uga diarani pesta demakrasi ?
  2. Ana ing sajroning kampanye iku suwasane rame jalaran kepriye ?
  3. Kepriye bedane swasanane kampanye ing Indonesia lan kampanye ing nagara manca ? Apa sababe mangkono iku ?

77