Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

VI. Sanajan ta nora milu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, yeku penuntuning eblis.
VII. Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki.
VIII. Lan wong anom-anom iku, kang kanggo ing mangsa iki, andhap-asor dipun simpar, umbag gumunggunging dhiri, obrol umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.
IX. Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lalabete uga, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, carita ala lan becik.
X. Carita pan wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener lan kang ora, kalebu jro cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.
XI. Mulane wong anom iku, becik ingkang ataberi, jajagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
XII. Ingkang becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing mangsa puniki.
XIII. Akeh wong kang sugih wuwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolihken ugi, panastene kang den umbar, tan na nganggo sawatawis.
XIV. Aja na wong bisa tutur, ngemungna ingsun pribadi, aja na kang amamadha, angrasa pinter pribadi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes dipun pareki.
XV. Sikakna den kaya asu, yen wong kang kaya mangkono ugi, dahwen open nora layak, yen sira sandhingan linggih, nora wurung katularan, becik singkirana ugi.
XVI. Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lair batin den estokna, saunine layang iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lair prapta ing batin.


___***___

75