Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

1. Kawisen Mas Nganten! Nek suka kula tumbase tigang dasa ewu rupiyah mawon.
2. Dereng angsal nek semonten.
1. Empun gih, dimbuhi gangsal ewu rupiyah malih.
2. Enggih empun, kula sukakaken (paringaken) pumpung tesih enjing 'engge 'mbucal sebel.
1. Seniki kula ajeng tumbas sinjange cap sekodi mawon.
2. Mangga sampeyan milih kiyambak.
1. Empun, niki mawon. Pinten pengaose sekodi niki?
2. Ken seket ewu rupiyah mawon.
1. Empun gih, enggal-enggalan mawon, kawan dasa ewu rupiyah yen suka.
2. Enggih, daweg, empun niki kula sukakaken.


VI. KASUSASTRAN

Pethikan layang Wulangreh anggitane Sinuhun PB IV ing Surakarta iki wacanen batin dhisik, banjur tembangna !


WULANGREH
Kinanthi

I. Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, ing kaprawiran den kaesthi, pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.
II. Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lan aja kasukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala wataké wong suka, nyuda prayitna ing batin.
III. Yen wis tinitah wong agung, aja sira nggunggung dhiri, aja caket teket lan wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak, satemah anunulari.
IV. Nadyan asor wijilipun, yen kalakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
V. Yen wong anom pan wis tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, datan wurung bisa juti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.

74