Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Aku kok gregeten karo adhimu loro iku, angger ditinggal mingset kok banjur (keplak).
  2. Welingku padha senenga (tulung) marang liyan.
  3. Nalika liburan aku wegah (lunga), ana ngomah mung (mangan) bae.
  4. Kabar olehmu arep duwe gawe mantu wis (sebar) tekan ngendi-endi.
  5. Pamuji kula mugi-mugi putra temanten kekalih sageta (sih) runtang-runtung (renteng) wonten ing (brayan) ageng.
  6. Bocah iki kok aneh.mau ditakoni ora ngaku, saiki kok (celuk) dhewe.
  7. Adhimu iku kokapakake, wiwit mau esuk seprene kok (bengok).
  8. (udan) kae wis tanpa guna, lha wong tandurane wis kebacut mati.


IV. NULIS.

Gawea karangan gancdran nganggo basa krama, kanthi irah-irahan :

Vitamin


V. UNGGAH- UNGGUH

Pacelathon nganggo basa madya iki salinana nganggo basa krama, banjur tirokna ana ngarep klas !


REMBAGIPUN BLANTIK KALIYAN TIONG HOA


Blantik : "Pancene samang ajeng kula welingake, kleresan samang dateng kiyambak.”
Tiong Hoa : "Mang welingake onten damele napa ?”
Blantik : "Anu, kapal kula sing mang westani ciri suduk, manah kula kok'rada samar, kula niki kerep teng Klaten numpak kapal prelu pasok pajengan barang dagangan teng juragan, mangke nek onten ing margi dibegal ing durjana, disuduk, ketarik saking cirining kapal suduk, niku sing kula kawekani.”

127