Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/111

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 9


I. WACAN

A. Wacanen batin sing premati !

PALAGAN AMBARAWA


Kutha Ambarawa mono klebu kutha cilik ing laladan Jawa Tengah. Ewasemono ana ing sejarah perjuwangan bangsa, kutha cilik iki ndarbeni andhil kanggo ngrebut lan ngukuhi kamardikan. Iki kacetha lan bisa ditonton ing kompleks Monumen Palagan Ambarawa kang dununge ora adoh karo stasiyun Ambarawa kana.


Monumen Palagan Ambarawa iki diresmekake dening Presiden Suharto rikala tanggal 15 Desember 1974, sineksenan dening Gubernur Jawa Tengah Supardjo Rustam (rikala semana durung ngasta Menteri), Pangdam VII/Diponegoro Mayjen Yasir Hadibroto (rikala semana durung ngasta dadi Gubernur) lan para priyagung saka pusat sarta daerah liyane.


Eloke, Bapak Presiden Suharto, Bapak Supardjo Rustam apadene Bapak Yasir Hadibroto pisan, rikala semana pancen melu nyarirani berjuwang ana ing Palagan Ambarawa. Bapak Presiden rikala paresmen kasbut nelakake wigatine Monumen Palagan Ambarawa iku dibangun. Adege monumen mau ora liya kanggo nenangi semangat perjuwangan lan supaya kita padha ngrasakake kaya apa rekasane ngrebut lan ngukuhi kamardikaning Indonesia. Semangat perjuwangan mau kabukten ana ing Palangan Ambarawa kang diuri-uri.


Ing sajroning paresmen Bapak Presiden Suharto pratela, kita menang ing Palagan Ambarawa ananging kita uga kudu menang ana ing Palagan Pembangunan. Pancen prastawa Palagan Ambarawa mau wigati banget, sebab ing kono kita ngadhepi mungsun kang sarwa jangkep piranti militere. Apamaneh tentara Sekutu kang kita adhepi iki mujudake tentara kang wis

terdidik, sugih pengalaman, tur... lagi bae mentas saka kancah Perang Donya ka-2 kanthi nggawa kamenangan. Ing mangka kita bangsa Indonesia, lagi bae ngedegake negara Republik Indonesia. Negara kita lagi lair, lan kang maju perang ora ngemungake para prajurit, nanging iya pemuda sarta rakyat biasa saka karang padesan.

109