Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dadi cetha manawa perang kita iku perang semangat. Semangat berjuwang lan berkurban kang ora mung ngenthengake pakaryan, nanging uga dadi tali pemersatu, ngilangake beda-bedaning agama, drajat-pangkat apadene asal-usul lan adat-istiadat. Ya semangat mangkono mau kang kudu kita uri-uri lan kita dadekake sangu berjuwang ing Palagan Pembangunan dina iki.

Ana ing altar Bangunan Pokok Monumen Palagan Ambarawa kono kacetha reca pepethane Letkol Isdiman kang gugur ing pertempuran kasbut, Jenderal Sudirman lan Jenderal Gatot Subroto. Katon Pak Dirman kang sakawit dadi guru Muhammadiyah iku paring komando tempur kanthi dreling mitraliyur. Disaut dening dreling mitraliyur saka sektor wetan, kulon, kidul lan lor.

Ing kompleks monumen kono isih tinemu gerbong lan lokomotif kang biyen kanggo ngangkut pengungsi, pejuwang apadene tentara republik. Uga truk-truk Sekutu kang kasil dirampas dening pejuwang, motor-mabur "cocor-merah" kang rikala semana kasil natoni atusan penduduk kang pungKkasane kasil ditembak tentara republik lan nyungsep ing rawa Pening. Semono uga tank-tank lapis waja kang dadi pirantine Sekutu lan kasil dilumpuhake tentara republik isih kapajang ing plataran monumen.

Dene monumen induk Palagan Ambarawa iki anduweni denah dhasar wewangunan gelar "supit-urang", gelar kang dinggo Pak Dirman nalika nyerbu Ambarawa. Ing dhasar "supit-urang" mau madeg tugu kembar dhuwure 17 meter. Longkangan antarane tugu loro mau 0,8 meter. Dene ngarep tugu kembar mau kawangun altar kanthi relief kang nggambarake Palagan Ambarawa kang dawane 45 meter. Lan ing sandhuwure tugu kembar disawijekake dening lambang negara Garuda Pancasila.

Kabeh mau mengku pralambang yen Proklamasi 17 Agustus 1945 wis dadi gerbang (tugu kembar) kanggo nggayuh negara Pancasila kang adil makmur lan nampa nugraha sarta ridlaning Gusti Allah Kang Mahawelas lan Asih.

Ing altar mau madeg recane Pak Dirman kang melu mimpin langsung lumakune paprangan. Pak Gatot Subroto kang ora cilik labuh labete uga melu mandhegani paprangan rikala Letkol

110