Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dalane peteng tur jemek. Karo mlaku kudung plastik, aku nganyam pikir. Tumetese udan nggujug sirahku. Kala-kala atiku nratab merga kepleset bletok. Urip kok kaya dongeng.


Tekan apotik sing jejer kantor polisi, aku mandeg. Akeh wong rubung-rubung. Kaya-kaya dudu wong ngeyub. Karo ndesel-ndesel golek dalan aku isih kober nginguk. Oh Gusti ! Dak-srondol wong-wong kang pada ngrubung. Aku isih bisa ngampet sumedoting ati lan sadompyokan pitakon sing nglumpruk ing dada.

"Mas, Maaas... !" serak pambengokku.

Awakku sing kademen ndredeg nyumurupi bapake bocah-bocah gumletak ing emperan kantor polisi. Dadane gupak bletok saka dlamakan-dlamakan sepatu. Raine gubras getih. Sirahe mburi ... oooh!

Aku njerit. Dak-rungkebi awake sing teles. Kahanan sepi. Wong-wong njinggleng. Aku ngguguk.
"Bu, punika sinten ?" dak-rungu pitakon alus.
"Punapa panjenengan garwanipun ?" bacute maneh.
Aku ndengengek lan mantuk ing sela-selaning kamisesegen.
"Punika ngaten. Kala wau piyambakipun dipun wastani nyopet arta. Dening tiyang-tiyang katah lajeng dipun gebugi ngantos kados ngaten. Keleresan kula sumerep lajeng kula bekta mriki kaliyan ngrantos ambulance," ngendikane sawijining bapak polisi njlentrehake.

Mas Has nyopet? Ah mokal ! Ngayawara banget yen deweke tumindak ala kuwi. Nyopet? Mokal ! Maling? Ngayawara! Mokal ! Mokal banget ! Rumangsaku wengine tambah peteng lan sirahku abot banget. Saombyokan lintang-lintang sing sore mau ora katon, saiki ngebyuki aku. Dak-rungkebi awake mas Has sing njejet. Sateruse aku ora eling, semaput.

Wis telung dina iki aku ana desa. Pancen sida bali, sanadyan beda banget karo apa sing nate dak-impekake.

Saperangan pancen bener. Kaya ta banyu kincling-kincling sing agung, desaku sing tentrem lan sesawangan endah. Saliyane kuwi wis ora ana maneh. Uripku wis diremed, dirampas lan disiya-siya kuta Jakarta kang jare kondang loma menehi panguripan. Kepriye olehku ora nggrantes, jer nyatane mas Has, bapake anak-anakku, ya priya sing nduweni hak marang setya lan tresnaku, wis tinggal donya amarga pandakwa sing ngayawara. Aku mung oleh ijol tembung njaluk pangapura, jer kabeh mau mung kleru alamat. Mas Has ora luput. Copete sing temenan wis kasil kepikut. Nanging kepriye lehku njaluk ijol, wong sing milara mas Has sapirang-pirang.


Oh Gusti! Kuwi durung nyampurnani kabeh sanggahing batinku. Anakku Titien uga kepundut Pangeran, bengi kuwi uga bareng karo bapake.


Saiki aku nyoba urip ninggalake wewayangan panguripanku biyen nalika ana Jakarta. Uga aku nyoba ora getun, jer sadurunge tinggal donyo, mas Has tansah nggereng-genteng yen deweke kepengin bali nyang asale. Saiki kanyatan. Aku lila.

Astuti Wulandari S.P.
(Kumpulan Cerkak Pilihan 1, 1975).

108