Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

"Ah, Nien, rak mung gawe isin bae no. Wis diniyati pindah kok bali ndesa. Iya yen nggawa donya brana. Yen malah luwih mlarat ngene iki rak malah dadi keploke tangga."


"Kanggoku luwih isin yen jare nyang Jakarta kok malah manggon pinggir kali. Gek sedina mangan rong dina pasa. Luwih becik awake dewe mulih. Ora sah nggape guneme tangga. Panjenengan pirsani ! Bayi tambah kuru, durung Titien sing pijer laranen merga hawane ora sehat. Banyu cumpen, gubug empet-empetan!" swaraku adreng.


Ooo wis gawang-gawang ing salumahing pangangen. Desaku kang tintrim. Banyu bening kincling-kincling ora samar kasatan. Warga kampung sing rukun. Ya kuwi kabeh kang mesti dak-impekake ing wengi-wengi pungkasan iki.


Dak-sawang mas Has tumungkul. Aku ora bisa ngranggeh mungguh apa sing cumantel ing atine. Muga-muga bae lagi nglimbang rembugku. Aku ngerti. Deweke sawijining priya sing tegas, sanadyan kategasane sok-sok gawe mirising ati. Nanging kepriye maneh. Aku nresnani deweke, komplet karo kekurangane dalah kaluwihane.


Sepasar suwene aku nglentruk. Mas Has ngerti, yen dina-dinaku sangsaya kebak peksan. Pancen. Saben melek, ajeg bae sing dak-rungu, dak-sawang, dak-lakoni, gemrubuging sepur nggremet, ilining kali kabotan larahan lan gubug-gubug semplah.


Sawijining sore, mas Has ngajak rembugan. Dak-tamatake, ooo, katone cepet tuwa kepangan kahanan.
"Apa kepenake pancen bali nyang desa bae ya. Nanging ngenteni warase Titien" ujare mantep.
Mripatku kembeng eluh. Ora muspra lehku ngonga saben dina.


Sawise rembug mateng, aku tata-tata arep boyongan. Kabeh wis samekta. Kari ngenteni warase anakku ragil. Wis seminggu awake panas. Dek mau, sadurunge udań, bapake budal nukokake obat. Durung mulih. Mestire kodanan lan kebeteng ana dalan. Udane panggah nggrejeh. Lamat-lamat keprungu wong mlaku ing emper omah ngidaki bletokan. Lawang didodog.


"Mas Has?" pangundangku karo menyat.
"Bukakna sedela !" keprungu swara nyauri, Dudu mas Has. Sawenehing pitakon nggremeti ati.
"Nien, aku oleh welingan. Kowe dikon nyusul Has menyang apotik cedak kantor polisi kono !" akone gemrojog ing tengahing lawang. Aku njenger. Dak-sawang yu Sri, tanggaku tunggal gedeg sing wis sumendulur. Jarite perangan ngisor kebes.
"Lungguha sik ta, yuk. Sing ngakon sapa ?" pitakonku karo ngglandang mlebu.
"Wis ta, susulen ! Kiraku leh nggawa duwit kurang," saurane yu Sri mrayogakake.
Aku mikir amrih becike.

"Ya wis, dak mrana. Entenana sedela ! Titip Titien ya, yu. Yen komprese garing, celupna maneh !" welingku karo njangkah metu.

107