Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Crita cekak anggitane Astuti Wulandari S.P. iki wacanen nganggo lagu kang luwes !


JAKARTA


Yen wis ngene iki tuwuh maneh rasa bosenku. Temenan Bosen sing wis mucuk kae. ora kena diluk. Apa maneh yen udan deres ngene iki. Gendeng trocoh kabeh njalari jogane keblambangan banyu. Yen dakgagas dawa ooo keduwung banget olehku ngetutake pindah nyang Jakarta kene. Ngertia ngene tok pungkasane biyen lowung ngenteni ana ndusun bae. Au ora maido menawa mas Has - bapake bocah-bocah-ulap ing pandeleng meruhi kanca-kancane pada urip brewu sawise boyong nyang kuta metropolitan iki. Kanggoku, ah ora gigrig kabar pisan marang gebyaring banda.


Wis akeh tuladane. Tanggaku tunggal pager, meh setaun pindah Jakarta, wis dadi juragan gede. Durung tutug gumune wong-wong sadesa, weruh-weruh deweke wis digrudug polisi. Jebul ana Jakarta gawene ngapusi, malah ngrampog barang. Isih ana maneh. Sawijining guru SD, rupane pancen rada melek tur isih legan. Kepencut tembung manis lan kintil ngono bae bareng dipameri urip ana Jakarta. Wiwitane pancen gawe ewa. Saben minggu kirim duwit ewon-ewon marang emboke. Durung ganep setaun ndadak deweke bali nggendong anak tanpa bapa. Saiki nganggur, malah dadi sanggane biyunge. Tibane ana Jakarta dadi hostess.


Kuwi mung saperangan bae. Saka kono aku nitik, yen urip ana Jakarta mono pancen angel banget. Apa maneh tumrap sing durung weruh nyatane. Mulane aku kaget banget nalika bapake bocah-bocah meksa ngajak pindah mrana.


"Panjenengan ki bingung apa piye ta, mas? Lha sing ana kana da kleleran ngono. Kok reka-reka arep mrana ki pa nyedya dadi kere?" ujarku protes, ora setuju marang pratikele.
"Kuwi rak sing ra ngerti dalane ta, Nien!" kandane.
"Ngerti ra ngerti kuwi, sing perlu rak nyatane. Apa ta gunane pindah, gek durung karuwan nyambut gawene. Ana desa, nganggur-nganggura rak isih bisa tetandur," wangsulanku tetep menging.


Nanging embuh, pungkasane aku sida pindah. Sing genah ora kok merga aku kepencut gebyaring panguripan sing jare luwih kepenak nyang kuta gede. Yeh aku dikon blaka, gelemku nuruti karepe kuwi rak merga aku ngeman wutuhing bebrayanku. Wekasane, tegalan kadol, kanggo ngontrak gubug ana pinggiran. Anakku telu dak-gawa, dene sing siji diopeni embahne ana desa.


Seprene meh setaun aku sabrayat ngenggoni gubug cilik pinggir rel sepur cedak kali. Ora ana crita seneng babar pisan. Kampungku jembreg. Sembarang sarwa larang. Banyu kudu tuku. Pakurmatan kudu tuku. Kahanan ing dalan-dalan mung nggraji ati tok. Sok-sok aku ngelingake bapake bocah-bocah, kepriye yen bali nyang desa bae.

106