Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/103

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tuladha :

1. Candrane peranganing awak :

a. Gulune ngelung gadhung.
b. Bangkekane nawon kemit.
c. Wadana melok lir wulan purnama.
d. Imba njalirit nanggal sapisan.
e. Netra lir baskara kembar.

2. Candrane solah bawa :

a. Lakune lengket-lengket kaya macan luwe.
b. Untabing wadyabala kaya gabah diinteri.
c. Kumepyur saengga panjang putra dhumawah ing sela gilang.
d. Tandange kaya bantheng ketaton.
e. Anjenger kadi tugu sinukarta.


3. Candrane satriya :

Raden Gathutkaca iku otot kawat, balung wesi, sungsum gagala, kulit tembaga, daging kancana, driji gunting, sikut palu, dhengkul paron, pupu mriyem ngagem caping basunanda, kotang antrakusuma, udan datan kodanan, panas datan kepanasen, bisa mletik tanpa suthang, bisa mabur tanpa elar.

Tegese tembung-tembung :

wadana = rai
lir = kata
wulan = rembulan
imba = alis
netra = mripat
baskara = srengenge
saengga = kaya
sela gilang = watu sing meleng-meleng (sing atos banget)
kadi = kaya
sinukarta = direngga-rengga
gagala = lak
kancana = mas
antrakusuma = kembang kang warna-warna
kusuma = kembang
antra = tanpa wates, warna-warna

101