Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tuladha :

- Dedamel jaman kina kathah ingkang arupi waos (= tumbak)
Buku punika punapa sampun sampeyan waos ? (= waca).

-Kula sampun tumbas badhe kangge raşukan. (= bakal)
Nyuwun pamit, kula badhe mantuk sekedhap.(= arep)

Terangna beda-bedane tegese tembung-tembung homonim iki !

1. Lelabuhane R.A. Kartini ngajokake kaum wanita.
Kenduren iku lumrahe didongani dening kaum.
2. Labuh labete R.A. Kartini tansah dieling-eling dening bangsa Indonesia.
Kapal kang lagi labuh iku mesthi ngedhunake jangkar. Ing mangsa labuh akeh wong kang nenandur.
3. Bapak sampun mundhut kajeng jatos.
Kajeng kula boten makaten.
4. Kala wingi sonten kula ningali bal-balan.
Tikus werok ingkang nggilani punika sampun kula cepeng mawi kala.
5. Pak Lik gereng-gereng margi gerah waja.
Ing Batur gelem tuku waja kang akeh.
6. Sinten asmanipun priyantun punika ?
Sapunika kathah tiyang sakit asma. 7. Aku ora bakal lali karo wong tuwa.
Tini tuku bakal klambi.
8. Adhiku rewel nangis nganti pirang-pirang jam, bareng disuwuk simbah banjur meneng klakep.
Gamelane wis disuwuk.
9. Wong urip mono kudu sregep golek kawruh.
Aku mau nonton wayang golek.
10. Wacanen buku iki ing rai lima.
Tatune ing rai durung mari.


C. PANYANDRA

Panyandra iku tétembungan utawa ukara kang wis gumathok, kanggo nyandra kaananing alam, satriya, ratu, peranganing awak, solah bawa lsp. Lumrahe adhapur pepindhan.

100