Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

D. Golekņa paribasane ing ngisore !

1. Wong sing wis ora duwe panguwasa.
2. Prakara cilik dadi prakara gedhe.
3. Samubarang kang langka bisa kagayuh.
4. Katone ora pakra nanging duwe kaluwihan.
5. Oleh kabegjan sing gedhe.
6. Kasangsaran kang matumpa-tumpa.
7. Wis kepenak dienak-enakake.
8. Sing gedhe lan duwe panguwasa iku sing menang.
9. Laire katon bregas, nanging satemene kacingkrangan uripe.
10. Ngunen-uneni wong sakatoge.
11. Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake wragad
12. Sing diaku sedulur mung sanak sedulure sing sugih.
a. Kriwikan dadi grojogan.
b. Baladewa ilang gapite.
c. Bathok balu isi madu.
d. Cecak nguntal elo.
e. Endhas gundhul dikepeti.
f. Nyandhung cepaka sawakul.
g. Kepalu kepenthung.
h. Asú gedhe menang kerahe.
i. Kadang konang.
j. Garang garing.
k. Keplok ora tombok.
l. Entek amek, kurang golek.


III. PARAMASASTRA

PANAMBANG

A. Wangsulana pitakon-pitakon iki ! 1. Weneha tuladha rumaketing panambang a kang mujudake rimbag agnya (pakon) 5 bae, lan rimbag sambawa uga 5 bae!

2. Wenehana tuladhane panambang a kang nelakake pakon tanduk (tanpa lesan) cacahe 5 bae!

102