Menyang kontèn

Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Wangsulana pitakon-pitakon iki!

  1. Apa tegese istilah ”Caturwarga” ana ing program KB iku ?
  2. Tumindake program KB iku satemene dadi tanggung jawabe sapa bae ?
  3. Apa Sababe program KB iku kalebu salah sawijining ayahaning pembangunan ?
  4. BKKBN lan NKKBS iku cekakaning tembung apa ?
  5. Proyandu iku cekakaning tembung apa, tujuwane apa lan sapa bae kang kejibah nindakake ?
  6. Kegiyatane Proyandu iku apa bae ?
  7. Program ”Caturwarga” iku nduweni ancas tujuwan sing kepriye, coba terangna kang gamblang !


C. Pocapan/lagu

  Ucapna sing cetha !

— dielap-elap — anasebab
— ati karep — lagidiusap
— sasi Rejeb — uwisijab


KAWRUH BASA

A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

catur=papat
warga=anggota
sejahtera=aman, sentosa lan makmur
kartika=lintang
candra=rembulan, sasi
istingarah=prasasat meh, kena diarani
sukur bage=bégja banget dene....
mbruwah=memangan apa-apa sasenenge


B. HOMONIM

Homonim iku tembung-tembung kang padha pocapane lan padha panulise, nanging beda tegese.

99