Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

”Kowe kok ya pinter ta, Tut. Ayo dibatang, Berseri kuwi cekakan saka apa ?” pitakone Pak Pringgo.

”Bersih Sehat Rapi Indah,” Toni sing lagi kelas telu SD age-age mangsuli.

Ora nganti setengah jam lakune wis tekan sajroning gapu- ra THR Sriwedari. Tontonan rakyat kang digelar ing kono werna-werna. Ana wayang wong, kethoprak, ludruk, dhagelan Srimulat, doger Bandung, bioskop, lan liya-liyane. Malah tontonan kang tansah mubeng ing glanggang maleman iya ana. Tontonan mau ora liya Reyog Ponorogo.

Lumrahe tekan papan sing rada jembar, rombongan reyog mau mandheg. Ing kono banjur jaran kepang. Macake cara satriya, nanging menganggo kacamata ireng.

”Kuwi gegambarane satriya saka Jenggala kang kasil ngasorake prajurit kraton Bantarangin”, ngono critane Pak Pringgo

Pancen Astuti lan Toni luwih kasengsem nonton Reyog Ponorogo tinimbang nonton musik dhang-dhut lan musik rock sing pating gedhombrang. Rasane keri ing kuping.

”Lha ingkang mawi lar merak arai macan menika punapa, Pak ?” pitakone Astuti.

”Kuwi rak tetindhihe prajurit Bantarangin. Lha Penthul Tembem kae ibarate panakawan ing wayang kulit. Dene sing jejogedan ngleter kae Bujanggánong.”

Tansaya wengi anggone main tansaya ndadi. Ana pemain sing dipecuti awake, nanging ora ngrasakake lara. Malah pemain mau mangan pari, mangan silet, mangan beling, lan mangan dhedhak barang. Katon nikmat banget, kaya patrape wong waras sing lagi mangan bakmi kae.

”Ah, kok gila aku,” kandhane Astuti karo kirig-kirig. Silet lan beling kaya ngono landhepe ko dikremusi.”

”Kok kaya aku yen lagi mangan krupuk kae ya, Mbak,” wangsulane Toni.

”Ya kuwi wong Jawa, Ton. Nduweni kasekten lan pangeram-ngeram kang kala-kala ora tinemu nalar,” wangsulane Bu

Pringgo.

65