Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Bubar nonton Reyog Ponorogo Pak Pringgo sakulawarga banjur mubeng ing stand-stand pameran. Kabeh nawakake dagangan lan produksi njeron negara, kayata kerajinan saka pring, ukir-ukiran Jepara, bathik, lan liya-liyane.

 Ngadhepake jam sanga kira-kira wayang wong wis wancine wiwit. Pak Pringgo sakulawarga merlokake nonton. Lakone ”Karno Tinandhing” yakuwi perang antarane Karna lan Permadi ing sayembara manah kang diadani dening Pendhita Durna ing Sokalima.

 ”Nonton wayang wong iki luwih migunani tinimbang nonton tontonan sing mbrebegi kuping kae. Ing kene bisa methik piwulang becik, sarta wewarah luhur,” ngendikane Pak Pringgo bareng wis pinarak sekaliyan.


B. Wangsulana !

  1. Apa sababe Pak Pringgo nyemayani dina malem Minggu anggone ngajak kulawargane nonton THR ing Sriwedari ?
  2. Nalika padha ribut anggone dandan, geneya Pak Pringgo kok malah maca koran ?
  3. Ana apa budhale Pak Pringgo sabrayat ora padha numpak becak utawa taksi ?
  4. Ing THR Sriwedari akeh tontonane nanging geneya Astuti lan Toni luwih kesengsem nonton Reyog Ponorogo ?
  5. Miturut critane Pak Pringgo paraga loro kang numpak jaran kepang manganggo cara satriya iku nggambarake apa ?
  6. Paraga sijine kang aran macan mawa lar merak iku nggambarake apa ?
  7. Paraga kang macak penthul tembem iku nggambarake apa?
  8. Kang diarani Bujangganong iku paraga sing kepriye ?
  9. Paraga kang mangan pari, beling, silet, dhedhak iku nggambarake apa ?
  10. Bareng wis ngarepake jam sanga Pak Pringgo sakulawarga padha nonton wayang wong. Lakone apa, critane kepriye ?

66