Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 6

I. WACAN

A. Wacanen sajroning batin !
REYOG PONOROGO

  Bubar ulangan semesteran, dhasar kapener malem Minggu. Langite resik, rembulane padhang njingglang. Bubar sholat Maghrib Pak Pringgo lelenggahan ing ruwang tengah sinambi maos koran kang teka sore mau. Toni sing dandan nyambi nutugake anggone ngadhepi televisi. Dene Bu Pringgo lan Astuti isih iwut dandan ing kamar mburi.

  Satemene wis rong dina kepungkur Toni mothah ngajak nonton THR ing Sriwedari. Nanging dening Pak Pringgo disemayani suk yen malem Minggu, tur yen ora udan. Apa maneh Astuti kang saiki wis sekolah ing SMP kapinujon ngadhepi semesteran. Karepe Pak Pringgo yen nenonton ora jangkep sakulawarga rasane ora sreg.

  ”Lho, Bapak kok malah maos koran, ta ?” ngendikane Bu Pringgo sawise rampung busana.

  ”Ah . . . aku dandan mono pira suwene ta, Bu. Srat-sret ngono bae rak rampung”, wangsulane Pak Pringgo karo nyelehake korane.

  ”Inggih, Pak. Mangke manawi kedalon lho”, Astuti nyela-nyela.

  ”Kowe Tut, rejane Maleman Sriwedari kuwi yen wis saya wengi.”

  Pak Pringgo enggal-enggal menyat. Qra let suwe wis ngagem busana. Hem Bathik, clana ireng meles, mawa selop saka kulit. Mangkate pancen ora perlu numpak becak utawa taksi. Awit Taman Sriwedari mono ora adoh dununge karo kampung Baron.

  ”Yen mlaku ngene iki idhep-idhep bisa ngematake sesawangan ing wayah bengi,” ngono ngendikane Pak Pringgo.

  ”Inggih Pak. Kaliyan malih saged mirsani kasilipun program Berseri”, sumaure Astuti.

64