Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 3

I. WACAN

A. Wacanen batin !


KORAN MASUK DESA
Manawa kita njinggleng angka-angka statistik kang magepokan karo cacahing pendhudhuk ing Indonesia, kurang saka 20% cacahe pendhudhuk mau dedunung ing kutha-kutha, Dene punjul 80% saka cacahe pendhudhuk dedunung ing karangpadesan. Ngelingi bab kasbut ngancik Pelita ka III diajab media pers kejaba ngrambah laladan kutha iya anduweni reng-rengan perlune ngrambah alam karang-padesan. Kanthi mangkono istingarah prikanca tani kang manggon ing desa-ngadesa bisa kasasaban, mangerteni lan melu njinggleng mungguh tuwuh pangrembakane kawruh ing sadhengah babagan.
Kanggo ngawekani bab mau mula Departemen Penerangan banjur cancut taliwanda gawe ada-ada mungguh perlune nyebar koran-koran lumebu desa kang luwih kondhang diarani Koran Masuk Desa (dicekak KMD). Ada-ada iki alelandhesan mawa kekancingan SK Menteri Penerangan No. 203 A/Kep/Menpen/1979.
Mesthi bae kanthi laire kekancingan kasbut diajab penyebaran informasi bisa luwih warata, lire desa-desa pelosok iya melu ngilo koran lan maca pawarta kang dumadi ing negarane dhewe apadene pawarta sakd manca. Yen digagas kanthi premati temene dikepriye bae bebrayan padesan nyata adoh

sungsate manawa katandhing klayan bebrayan ing kutha-kutha. Senajan waktu iki sing jeneng radhio apadene televisi wis mratah ing padesan, nanging keh-kehane bebrayan padesan mung luwih nengenake hiburan kang digiyarake ing radhio apadene televisi,

Uga ing babagan ekonomi, senajan prikanca tani ing padesan mau iya cekel dhuwit saupamane, nanging rumangsa eman manawa dhuwit mau ditanjakake kanggo tuku koran lan majalah kang uga piguna. Dhestun dhuwit mau ditukokake sandhangan kang asipat moderen, utawa dianggo ngragadi anggone ngudi undhaking tetanen.

28