Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

B. Ucapna ana ngarep klas kanthi lagu lan mimik kang cocog karo isine rumpakan !

PASRAH
Pandonga konjuk ing Pangeran
Rikala sakupeng kula sepi
0, Gusti pepundhen mami
Kawula nothok gapura suci
Kaparingana kawula toya
Lir sangsam ngajeng-ajeng toya
Makaten alum nyawa kawula
Mangka tan wonten saweneh toya
Kwagang nyirep ngoronging donya
Anjawi kang saking paduka
O, Gusti Rajaning Raja
Mugi keparenga amelasana
Aparing tentrem nyawa
Kawula nyuwun regeming asta
Sarta ayoming swiwi paduka

S. Pant
Medan Bahasa — Basa Jawi
nomer 7 tahun II

Tembung-tembung :
sangsam  : menjangan
mami  : aku, kula
saweneh  : ing sawatara
kwagang  : kiyat

C. Terangna !

  1. Apa bedane rumpakan pulisi Jawa gagrag anyar karo puisi Jawa tradhisional ?
  2. Ngaranana rumpakan puisi Jawa kang kagolong pulisi tradisional !
  3. Parikan lan wangsalan iku a rumpakan pulisi Jawa gagrag anyar apa tradisional ?

Teranana kang cetha !