Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Pancen wis dudu wadi maneh, manawa kasenengan memaca tumrap bebrayan padesan isih perlu diunggar maneh, senajan durung suwe iki wis kepara akeh padesan kang dibiwarakake wis Bebas Tiga Buta. Mula kanthi kawicaksanan pemerintah anggone gawe ada-ada Koran Masuk Desa kang disengkuyung dening subsidi kang ora sethithik, diajab kasenengan memaca tumrap prikanca padesan bisa luwih digrengsengake maneh.
Presiden Suharto piyambak wis nate elik-elik, kanggo ngunggar gegayuhan kasile ada-ada Koran Masuk Desa, peran pers daerah dibisa dadi kunci wigati mungguh suksese mengko. Awit gelar yektine bebrayan padesan racake padha karem memaca manawa pawarta lan prastawa kang magepokan nggepok-senggol desane iya dipacak ing koran. Mesthi bae piweling saka Presiden mau untuk penyengkuyung saka jajaran pers, utamane pers daerah. Awit adoh sadurunge Presiden nelakake bab mau koran lan majalah ing daerah kayata Panyebar Semangat, Jaya Baya, Jaka Lodang, Kandha Raharja, Parikesit (kabeh mawa basa Jawa), Mangle lan Sipatahunan (kekarone abasa Sunda) wis biyen-biyen sumusup lan ngrambah padesan aweh susuluh marang prikanca tani lan pamong ing desa-ngadesa.
Lumebune koran ing alam padesan kang sinartan grengsenge masarakat kang wiwit seneng memaca jalaran wis lepas saka belenggu wuta sastra, istingarah bisa muwuhi ajuning bebrayan padesan. Iya ana ing babagan perekonomian, tetanen, kabudayan, kawanitan, lan liya-liyane. Mula wektu iki manawa panjenengan tindak menyang kantor kalurahan, ing kono wis kapasang papan pajangan koran kang gedhe banget guna paedahe tumrap kemajuan prikanca padesan kang wis wiwit bangkit sedyane, nyecep sadhengah ilmu kang kapacak ing ariwarti apadene kalawarti.
Pancen nyata ! Ing jaman apa be seneng memaca pancen tansah dibutuhake, lan iya kawiwitane saka seneng memaca mau gegayuhan lan kekudangane bangsa, yaiku masarakat adil lan makmur bakal enggal kasambadan. Dadi cekak aose, lumebune koran ing tlatah padesan bakal nuntun masarakat dadi bebrayan kang maju. Iya maju lair batine iya maju ing babagan kawruh lan pikirane.

29