Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Sapungkure pisowane para Pandhawa, apa sing dirembug ing paseban iku ?
  2. Kepriye akale para Kurawa anggone arep numpes para Pandhawa ?
  3. Bale sagala-gala utawa Jatu-griha iku apa, sing digawe saka apa, sapa sing nggawe, ana ngendi, lan pamrihe apa ?
  4. Nalika Pandhawa boyongan menyang Waranawata kepethuk Ditya Purocana lan Purobaya. Ditya loro sajatine sapa, bareng wis babar dadi dewa paring pituhu apa marang Raden Bratasena ?
  5. Nalika Pandhawa ana Waranawalta, kandh tangkepe para kadang Kurawa marang para Pandhawa ?
  6. Nalika Bale sagala-gala wis dadi awu, para Kurawa padha duwe pangira manawa para Pandhawa wis tumpes. Kanggo bukti apa ? Nanging sanyatane kepriye ?

II.  KAWRUH BASA
A. Tegese 'tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

bale = bangsal, omah, pandhapa
gala = damar, lak
bale sagala-gala = omah (bangsal) kang digawe saka lak (gampang kobonge)
dipati = ralu
kadipaten = panggone ratu, kraton
praja = negara, kedhaton
kadang = sedulur.
prabu anom = pangeran adipati
numpes = nyirnakake kabeh
pasewakan = paseban, pasowanan
parekan = para nyali (ing kraton)
gebyagan = kepyakan, semuwan
bedhaya = Atledhek bangsaning Srimpi ing kraton
Srimpi = lelangen joged sing ditindakake para wanita. cacahe 4
imbal pangandika = ngendikan, jagòngan, guneman

113