Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

waspada ing semu, katungka sowanipun para buyut, pandita, wiku lan sapanunggilanipun, ingkang sami mangayubagyo dene para Pandawa sapunika pindah dudunung wonten ing ngriku, ingkang ugi ateges saged ngayomi dateng para ingkang sami dudunung ing sakiwa tengenipun ngriku. Boten dangu katungka rawuhipun Prabuanom Duryudana, Patih Sangkuni saha para kadang Kurawa lan wadya, sarwi ambekta dedaharan inuman ingkang eca-eca, lajeng sami kembul bojana andrawina, inum-inuman waragang katah ingkang sami wuru, sinambi dolanan main catur, namung Raden Bratasena ingkang waspada ing semu.

Kocap sareng para kadang Pandawa sami wuru, Patih Sangkuni lajeng dawuh dateng kadang Kurawa kapurih ambesmi griya wau, Raden Bratasena sareng sumerep latu mangalad-alad, lajeng ngrangkus kadang-kadangipun lan ingkang ibu, nunten wonten garangan petak, lajeng dipun turut selampahipun, garangan lumebet dateng trowongan, terus dipun turut.

Kocap sareng latu sampun telas, kadang Kurawa lajeng sami ngupadosi kunarpanipun kadang Pandawa, ing ngriku pinanggih wonten kunarpanipun pawestri satunggal saha anakipun jaler gangsa., nanging saestunipun sadaya wau kunarpanipun tiyang estri bangsa brahmana nama Bila saha anak-anakipun jaler gangsal. Kunarpa sadaya wau kakinten kunarpanipun Dewi Kunti lan kadang Pandawa sadaya, mila lajeng dipun rukti, nedya katur dateng Prabu Drestarastra, nunten bidal.

.........................................................................................................

Pethikane: PAKEM WAYANG PURWA IV.
dening R.S. Probohardjono.

B. Wangsulana !

  1. Jejer ing kadipaten praja Ngastina iku pasebane sapa bae marang sapa? Apa sing dirembug ana ing paseban iku ?
  2. Nalika Pandhawa padha ngabeyandara ana ing paseban iku, dingendikani apa dening Prabuanom Duryudana?

112