Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

10. Wo, weruha yen mengkono aku emoh.
11. Walah biyung, tumane entep-entepan.
12. Astaga, rusak kabeh tanduranku ana kebo berik mau.

11. Maca titi
A. Wacanen kang titi !

1. Alamating layang. Katulis ana ing amploping layang.

Serat
Mugi Katur ing Panjenengan
ipun Bapak/Ibu Pujasaraya
Kepala SMP "Bakti Mulia".
ing Sawojajar, Kebonagung,
Pacitan

Sasrawijaya
Pandanwangi, Kedhungagung
Pacitan
                              

2. Wujud lan isine layang ulem. Ditulis lan dilebokake ing
jeron amplop.

Wilujengan Ruwatan


Nuwun wiyosipun, lumantar serat punika kula ngaturi priksa
bokbilih kepareng ing Gusti Ingkang Murbeng Kuwaos,
benjing dhawah ing :

Ari titimangsa : Akad Wage, 21 Ruwah 1909
                 utawi dhawah ing
                 Minggu, 7 Agustus 1977
Jam  : 10.00 (Jam 10 enjing),

kula gadhah khajat ngruwat anak kula pun :
1. Ariningsih
2. Prasetyadi
3. Candraningrum
(Pancuran Kapit Sendhang),

Mbs-2- 67