Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi


Yen ora, bisa uga tamu sing diaturi ora ana sing
rawuh, amarga kacenthok tembung sing kurang
mapan."
Marsudi : "Mila punika, Mbah, kula rumaos tlondho sanget
babagan punika."
Simbah : "Bab unggah-ungguh kuwi nyuwuna priksa gu
rumu. Mung bab sing kudu kosebutake bae
takkandani."
Marsudi : "Inggih, Mbah, mangke kula nyuwun priksa
pak guru."
Simbah : "Siji : duwe gawe apa.
Loro : titimangsane suk kapan.
Telu : jam pira.
Papat : manggone ana ngendi.
Lima : jenenge sing ngaturi.
Nenem : asmane sing diaturi.
Pitu : jenenge sing among tamu.
Wolu : bab anggone ngaturi wuninga lan bab
anggone nyuwun dirawuhi, tetembung
ane sing anoraga."
Marsudi : "Wah, kok inggih angel inggih, Mbah.
Punapa kepareng kula nyuwun contonipun."
Simbah : "Pancen ora gampang. Mengko takwenehi con
tone."
Marsudi : Inggih, Mbah, sanget nuwun."


B. Wacanen !

  1. Wah, kok angel inggih, Mbah.
  2. Hlo, wis adus resik-resik kok dolanan wedhi.
  3. Ehlo dadi Suta kae wis mati.
  4. Lah, wis ketemu saiki pemesku.
  5. Hla, rak keperang tenan. Mau dakelikake dolanan lading ora nggugu.
  6. Layak, digething kancane. Wong pancen bocah srei.
  7. Adhuh, kecakot ilatku.
  8. Ah, mangsa anaa sing percaya marang gunemmu kuwi.

66