Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

wonten ing dalemipun Bapak Mardiraharja, Lurah Dhusun Kalurahan Dadi Reja, Kecamatan Dana Harja.
Bokbilih dhangan ing panggalih tuwin sepen ing pambengan, kula suwun rawuh penjenengan sekaliyan, perlu maringi idi pangestu dhumateng anak-anak kula kasebut.



Nderek ngajeng-ajeng,

Mardiraharja.

Kedungagung surya kaping
1-8-1977
Atur taklim kula kekalih,

Sasrawijaya.

B. Wangsulana kang patitis !

  1. Layang iku saka sapa marang sapa?
  2. Duwe gawe apa kang ulem-ulem kuwi?
  3. Besuk kapan anggone duwe gawe ?
  4. Anggone duwe gawe ana omahe dhewe apa ana ing ngendi ?
  5. Gawe layang ulem iku apike ditulis tangan apa cap-capan ?

III. Kawruh basa

A. Tuladha :

Anak tiga penengahipun jaler dipun wastani pancuran kapit sendhang.

Ukara-ukara iki rampungna nganggo tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !

  1. Anak tiga panengahipun estri, dipun wastani....................
  2. Anak namung satunggal, dipun wastani .....
  3. Anak kalih jaler sadaya, dipun wastani....
  4. Anak kalih estri sadaya, dipun wastani..........................
  5. Anak kalih jaler sadaya, dipun wastani.....
  6. Anak gangsal jaler sadaya, dipun wastani....

  1. uger-uger lawang
  2. sendhang kapit pancuran
  3. ontang anting
  4. pandhawa

68