Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

4. Wiwit cilik, bocah kudu wis dikulinakake ngerti ing..........
5. Sikile sing kiwa ..........,mula lakune semper.
6. Aja pisan-pisan tetembungan .......... katumrapake marang awake dhewe.
7. Ngethoka .........., enom tuwane tanggung bae wong arep dakenggo gawe tali.
8. Jarane diabah-abahi ,.......... lan..........dipasang kabeh.

  1. nungkak krama
  2. krama inggil
  3. tata krama
  4. pring apus
  5. apus
  6. apus buntut
  7. apus gulu
  8. apus-apus

C. Ukara-ukara iki wacanen kang titi sarta setitekna tegese bebasan-bebasan kang dicap miring!

  1. Ana unen-unen "ngemut legining gula,” tegese bareng wis ngrasakake kepenake wong nyekel panguwasaning negara, Kurawa banjur owel masrahake negara Astina marang Pandhawa.
  2. Ana tetembungan "palang mangan tandur,” pinracaya njaga keslametan nanging malah ngganggu gawe.
  3. Kuwi jenenge “kriwikan dadi grojogan,” lire prakara sepele ora bisa mendha malah saya ndadra.
  4. Iki jenenge “keduwung nguntal wedhung,” arep diterusake rekasa, ora diterusake sengsara.
  5. Anggonku nuturi bebasan “lambe satumang kari samerang,” nganti kesel anggonku nuturi Pati babar pisan ora dipaelu.
  6. Kuwi jenenge “sedhakep ngawe-awe,” ketoke ora ngerti apa-apa sejatine tuduh-tuduh.
  7. Kowe kuwi dhemenmu “legan golek momongan,” wis penak-penak nganggur kathik ndadak soroh bau.
  8. Wong urip kuwi sabisa-bisa “opor bebek mentas awake dhewek,” lire bisa mentas saka kringete dhewe, ora njagakake pitulunging liyan.

Mbs-2- 53