Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

D. Kurawa owel ngulungaken negari Astina, malah daksiyanipun dhateng Pandhawa kelangkung-langkung.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
1. Rahmad boten purun kula emutaken, malah . . . . . . .
2. Hardi boten purun wangsul dhateng dhusun, malah
3. Sakitipun saya sanget, malah . . . .
4. Kula dereng saged mulyakaken tiyang sepuh kula, malah . . . .
5. Tiyang sepuhipun boten menggak, malah.
6. Sampun dangu kula boten sowan embah, malah . . . .
7. Kula dereng tepang putranipun pak mantri, malah . . . .
8. Pawitanipun telas, malah . . . ..

E. Tuladha :

Prabu Pandhu punika ratu ing negari Astina.
Terangna kaya tuladha ing dhuwur !
1. Prabu Yudhistira.
2. Prabu Kresna.
3. Prabu Baladewa.
4. Prabu Salya.
5. Prabu Drupada.
6. Prabu Matsyapati.
7. Prabu Suyudana.
8. Prabu Rama.
9. Prabu Harjunasasra.
10. Prabu Rahwana.

IV. Wacanen !

1. Wajik klethik gula jawa
Luwih becik sing prasaja,
2. Ngasah arit nganti landhep
Dadi murid kudu sregep.
3. Tawon madu ngisep sekar
Dadi guru kudu sabar.
4. Kembang aren sumebar tepining kalen
Aja dahwen yen kowe kepengin kajen.
5. Kembang kencur ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur yen kowe kepengin luhur.

54