Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

///. Kawruh basa

A. Tuladha :

    a. Tiyang Jawi punika dhateng kagunan ringgit sampun nyakot sanget.
    b. Tiyang Jawi punika dhateng kagunan ringgit karem sanget.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
  1. Ing pasamuan-pasamuan asring sanget dipun setel cariyos paringgitan.
  2. Kagunan ringgit punika gesangipun sampun pinten-pinten abad dangunipun.
  3. Kala mangsa kembanging lampahan lajeng beda-beda, sanajan lajeripun sami.
  4. Rehning taksih lembat, Pandhawa dereng wanci nyepeng pusaraning praja.
  5. Kraton lajeng kapasrahaken dhateng ingkang Uwa, awasta Prabu Drestarata.
  6. Daksiyanipun dhateng Pandhawa kelangkung-langkung.
  7. Wongsal-wangsul Pandhawa dipun arah pejahipun sarana alus.
  8. Lampahan Bale Sigala-gala punika nggambaraken trekahipun Kurawa anggenipun badhe ngarah pejahipun Pandhawa.
  9. Pandhawa, ingkang manut nalar temtu pejah dados awu, nyatanipun wilujeng nir sambekala.

B. Isenana nganggo tembung kang cumawis ing-sisih tengen !

  1. Ki Ageng Mangir kena ing ............ bebarengan lan ingkang garwa Raden Ayu Pambayun marak ing ngarsa dalem Panembahan Senapati.
  2. Gawea karangan cekak aos nganggo basa ........ bab praktikele wong ngingu iwak.
  3. Raden Gathutkaca kepeksa ....... marang ingkang uwa Prabu Baladewa.

  1. krama
  2. apus krama.
  3. tata krama

52