Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

C. Tuladha :

Ibu mundhut sandhangan cara Jawa sapangadeg.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur nganggo tembung-tembung
kang cumawis ing sisih tengen!

1. Bapak mundhut jaran. . . . .
2. Biyen daraku mung. . . . .
saiki wis bebranahan dadi sapirang-pirang.
3. Pakdhe kagungan gamelan. . . . .
slendro lan pelog.
4. Bulik mundhut patehan. . . . .
5. Dhek wingi mas Atun.. . . . .
sowan bapak, nyuwun pamit anggone arep
boyong menyang Mekasar.
6. Sri, Ibu tukokna gula jawa. . . . .
ya, Nduk !
7. Kabul tuku sandhal. . . . .
8. Pakdhe. . . . . tindak Surabaya
aku didhawuhi ngancani mas Bima tunggu
omah.

a. rong rancak
b. sarakit
c. sajodho
d. satangkep
e. saprangkat
f. sabrayat
g. sekaliyan
h. sepasang
i. sagagragan

D. Tuladha :

a. Muga-muga anakku kang aneng paran ingedohna ing sam-
bekala.

b. Muga-muga anakku kang ana ing paran ingedohna ing
sambekala. Jimbung garban/sandhi

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
1. Raden Abimanyu, sang sudireng prang, kapupu madyaning
rana tatune arang kranjang.
2. Anuju ari Respati Sang Nata lenggah sinewaka munggwing
sitinggil binatarata.
3. Sang Nata pranyata ratwagung mahambek pinandhita.
4. Prapteng ngabyantara nata, raosing manah lir siniram ing
toya sawindu.