Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Para panakawan sami angenggar-enggar manah, tetembangan sarwyanjoget ganti-ganti.
  2. Sang Nata lenggah ing dhampar dhenta pinatik ing sesotyadi.
  3. Kang jumeneng narendra ajejuluk Mahaputra Arimurti.
  4. Para siswa jalwestri samya angadhep Sang Mahamuni Bagawan Sidik Wacana.


E. Tuladha :
  Sri, damar mancung, cinupet semene dhisik layange Bapak,
  liya wektu disambung.

Ukara-ukara kang ngemu wangsalan ing ngisor iki wacanen kang titi !

  1. Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngantu-antu ngenteni tekamu.
  2. Kono, mrica kecut, sauni-unimu !
  3. Mbalung krambil, dakkira kowe mung ethok-ethok.
  4. Sarung jagung, bobot timbang sing arep nglakoni.
  5. Wong mung dielikake ngono bae kok mentil kacang, banjur mbesengut.
  6. Kowe kuwi nglemah bengkah, senengmu nyela-nyela.
  7. Aja seneng ngrokok cendhak ta, Yun, senengane kok neges-neges.
  8. Balung jagung, yen pancen saguh aja janggelan.
  9. Witing klapa, Pakdhe, kula punika matur lugu.
  10. Wohing aren, welingku ya, aja lali !
  11. Ta, ta, rak nganak kodhok, polahe pecicilan.
  12. Jenang sela ya, Mas, yen ana luputku aja kurang ing pangapura.
  13. Mbalung geni, e, mbokmenawa yen ana bejaku.
  14. Kancing gelung munggwing jaja, titenana !
  15. Roning mlinjo, sampun sayah kula nyuwun ngaso.

Mbs-2- 39