Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Sing uwis-uwis wong ubyang-ubyung bakal keduwung tembe burine.
  2. Bocah wadon kuwi akeh saru sikune, cepak rubedane.
  3. Yen kurang prayitna bakal nemu kesusahan.
  4. Paribasan "Yitna yuwana lena kena" iku bundhelana sing premati.
  5. Jroning nulis layang iki kaanane wong atuwamu padha ginanjar ing kayuwanan.
  6. Puji pandongaku mawantu-wantu marang anakku kang lagi pisah, ngangsu kawruh kanggo sanguning ngaurip.
  7. Adate bapakmu ora tau tledhor menggalih putrane.

B. Tuladha :

  1. Mas, nyuwun priksa punapa kala wau bapak tindak mriki? Mudakrama.
  2. Mas, nyuwun priksa apa mau bapak tindak mrene.?

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Mas, penjenengan dipun timbali bapak.
  2. Mbakyu, menawi kepareng ingkang putra badhe kula ajak sowan ibu dhateng Mediyun.
  3. Mangga, Dhi, unjukanipun mumpung taksih anget, lan punika nyamikanipun kula aturi ngedhapi.
  4. Menawi boten klentu penjenengan punika rak dhimas Sasangka putranipun paman Suryasumpena ta ?
  5. Mas, punapa kepareng kula nyelani nyuwun ngampil titihanipun sadinten kemawon ?
  6. Mbakyu, menawi saestu sowan embah dhateng Tasik, kula badhe ndherek.
  7. Mas, punapa panjenengan sampun priksa bilih wulan ngajeng mangke yu Sri saestu bidhal dhateng Pilipina ?
  8. Dhik, kula nyuwun tulung, penjenengan matur ibu, bilih benjing Minggu kula boten saged wangsul.
  9. Sapunika dinten Jumuwah Legi, dinten wiyosanipun ibu.
  10. Mangga sowan ibu, kabaripun ibu gerah.

Mbs-2- 37