II. Maca titi
A. Wacanen sing titi !
Kang pandonga
tumrap marang anakku Sriyani
ing Sala
Pamuji rahayu.
Ngger, Sriyani, Bapak lan Ibu wis tampa layangmu kang katitimangsan : Sala, 1 April 1977. Mungguh surasane wis kecakup, kaya ora ana kang kecicir.
Yen ing sajroning. minggu iki kowe weruh mobile Bapak liwat kutha kene, kuwi pancen bener, nanging Bapak ora kober mampir tilik kowe. Mula aja kaget lan aja mlenggong atimu. Bab panyuwunmu kang kasebut ing layang kabeh wis diurus ibumu. Yen ora kleru : tukon buku, uang saku, tukon sandhangan cara Jawa sapangadeg arep kanggo mengeti dina Kartini. Aja cilik atimu, ibumu arep enggal-enggal tindak rene nyukupi butuhmu kuwi.
Rehne kowe adoh wong tuwa, budhemu kuwi anggepen wong atuwamu, apa ngendikane estokna.
Welingku sing wigati : mempenga anggonmu sinau, sing tegen lan sing mugen, aja dhemen ubyang-ubyung. Sing uwis-uwis, wong ubyang-ubyung kuwi bakal keduwung tembe burine. Luwih-luwih kowe bocah wadon, akeh saru sikune, cepak rubedane. Yen kurang prayitna bisa nemu kesusahan.
Ana paribasan : Yitna yuwana, lena kena. Kuwi bundhelana sing premati.
Jroning gawe layang iki kaanane wong atuwamu padha ginanjar ing kayuwanan. Muga-muga tumrap anakku ing paran uga ora beda.