Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Budhe : "Iya, iya. Ning bok coba ta, kothak pos kae tilikana. Iki mau rak durung ana sing niliki. Enya kuncine, bukaken !"
Sriyani : "Inggih, Budhe. O, lha punika wonten saestu.
Budhe : "Apa ta, rak tenan kandhaku. Wis, kana diwaca kana. Durung-durung kok jingklak-jingklak."
Sriyani : "Hi, hi, hi, hi, hi. Ngantos kesupen, Budhe. Saking bingah kula lajeng jingklak-jingklak. Nuwun sewu kula maos rumiyin, Budhe."
Budhe "Lha iya no. Wong sing tampa-layang kowe."


B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung sing dicap dhoyong kedalna sing trep !

  1. Wite lunyu, angel dipenek.
  2. Yen kowe wani, kates kae peneken bae, aja kosenggrok nganggo genter.
  3. E, bok aja padha penekan !
  4. Bocah kelas papat digladhi ngerek gendera.
  5. Sur, kutute kereken !
  6. Yen kowe sida menyang pasar aku titip tukokna kerekan timba ya, Jan.
  7. Sang Prabu Erlangga kersa seleh keprabon.
  8. Bukumu selehna kono, ora-orane ilang !
  9. E, kuwi dhingklik kanggo lungguh, dudu selehan sikil !

34