Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wis ya, Sri, semene dhisik, ibumu rak enggal tekan kene. Bektine Bapak lan Ibu bae aturna marang budhe ya, lan puji pandongaku mawantu-wantu marang anakku kang lagi pisah, ngangsu kawruh kanggo sanguning ngaurip.

Pekalongan katitimangsan kaping
5 April 1977

Bapak lan Ibu tresna,


Pudyastawa

B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang trep lan luwes !

  1. Layang kuwi layang balesan. Ukara endi kang mratelakake ?
  2. Yen bener liwat, apa sebabe bapake Sriyani ora mampir?
  3. Bab apa sing disuwun Sriyani ?
  4. Piye kaanane bapak lan ibune Sriyani nalika nulis layang kuwi ?
  5. Kowe rak ngerti ta, perangane layang ganep. Coba aranana!


III. Kawruh basa

A. Tuladha :
  1. Surasane layang wus kecakup, ora ana kang kecicir.
  2. Surasane layang wus kasumurupan kabeh, ora ana kang kliwatan.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
  1. Welingku sing wigati : mempenga sinaumu aja dhemen ubyang-ubyung.

36