Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WU LANGAN IV

I. A. Pacelathon

Tindakna !


Sriyani : "Budhe, nyuwun priksa punapa bapak kalawau sowan mriki ?"
Budhe : "Ora ki, Sri. Geneya ta ?"
Sriyani : "Anu, kanca kula kok criyos kala wau sumerep mobilipun, bapak langkung ngajeng sekolahan."
Budhe : "O, ngono ta. Nek dhines mriksa-mriksa yake. Wong tlatahe bapakmu saiki jembar. Rak sa-Jawa Tengah, ta?"
Sriyani : "Nanging kok inggih boten pinarak sowan Budhe. Upami sowan kula badhe matur nyuwun arta, kangge tumbas buku."
Budhe : "Sri, Sri, arep tuku buku bae thik ndadak nyuwun bapak. Budhe ki apamu. Rak wong tuwamu dhewe ta sasate. Pira ta regane buku kuwi ?"
Sriyani : "Anu, Budhe, sanget nuwun. Tiyang dereng kesesa kok. Tur kaliyan badhe matur sanesipun."
Budhe : "O, ngono ta. Ya mengko yen perlu bae matura Budhe, ya. Apa kirim layang bapakmu."
Sriyani : "Kula sampun kintun sérat, Budhe. Setengahipun kula punika inggih ngajeng-ajeng balesan ipun bapak. Nanging langkung ngriki kok boten sowan Budhe, mila kula lajeng matur punika wau.
Budhe : "Dadi kowe wis ngaturi layang bapakmu ta ? Adate bapakmu ki ora tau tledhor menggalih putrane. Ya coba ta disrantekake sawetara. Nek durung teka barang, layange bapakmu."
Sriyani : "Inggih, Budhe, kula srantosipun sedinten kalih dinten."

Mbs-2- 33