Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Ukara-ukara iki wacanen, lagokna sing trep karo surasane! Banjur gawea tuladha liyane !

  1. a. Mangana sing akeh ben wareg ! (akon supaya ....)
    b. ....................................
  2. a. Aku mau mangana dhisik saiki ora kengelihen. (upama ....)
    b. ...........................
  3. a. Mangana kae bubur, sedhela bae wis krasa ngelih. (sanajan) ....
    b. ...........................
  4. a. Mangana sing akeh, ya, pitikku ben gelis gedhe. (pangarep-arep)
    b. ..................................
  5. a. Kono, kono, mangana maneh, kareben kuwaregen ! (panglulu)
    b. ..........................

II Maca titi

A. Wacanen batin !

Apa tumon, sepur tanpa masinis

 Ing satunggaling kitha alit ing tlatah pundi, kula kesupen, nate wonten lelampahan ingkang nggumunaken. Liripun, boten limrahpun mekaten punika.

 Menawi sopir becak mencolot jalaran badhe tabrakan, punika boten nggumunaken. Kusir andhong, tiyang numpak pit, tiyang numpak pit montor, sami mlumpat perlu pados wilujeng punika kalebet limrah, asring sanget kedadosan. Sareng masinis, upami ngantos mencolot medal, kados-kados kok boten pinanggih ing nalar. Ewasemanten lelampahan ing jagat punika pancen warni-warni. Kala mangsanipun ingkang boten pinanggih nalar saged kelampahan.

 Kula nate mireng, wonten sepur mlajeng tanpa masinis, jalaran masinisipun mlajeng pados wilujeng. Wonten ing pundi

26