Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN

I. A. Pacelathon

Tindakna !

Apa Tumon


Danarti : "Nur, Nur, apa kowe wis tau weruh ana sepur tanpa maisnis?"
Nurlela : "Durung tau yen mlaku, yen mandheg tanpa masinis aku wis kerep weruh."
Danarti : "Nur, iki omong tenan lho, ora guyon. Nek srekalan we aku bisa. Sepur kok mlaku ki ngndi ana, wong ora duwe sikil."
Nuerendah : "Ya wis, siji-siji, alias buk. Nyat ora ana sepur mlaku jlegrang-jlegrang kaya Raden Werkudara. Sing dakkarepake yen sepur mandheg ana setasiyun, aku wis tau weruh."
Danarati : "Nek kuwi we ora gumun, lumrah bae. Sing daktatokake kowe kuwi sepur pas ora ana. Wis weruh apa durung?"
Nuerendah : "Iyah mokal kuwi, ora mulih nalar. Piye lakune, padhane montor ora ana sopire, mangsa bisaa mlaku."
Danarti : "Aku ki ya gumun maune, ning kok ya ana lho lelakon kaya kuwi."
Nurendah : "Aku tumon barang mokal bisa kalkon."
Danarti : "Tumon bae, jagat jembar langit dhuwur. Kuwi komborane disambi kanggo tamba ngelak, karo apa kuwi, ayo diicipi !
: Mengko dakdongengi."
Nurendah : "Iya, iya. Selak notol lho Nar, aku."