Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ipun kula kesupen, nanging cariyosipun kula taksih enget gawang-gawang ngantos sapriki. Wondene ingkang ndongengi embah, nalika kula taksih kepara alit.

B. Wangsulana kang patitis abasa krama !

  1. Bab apa kang dicaritakake ing wacan kuwi ?
  2. Ing ngendi klakone kedadeyan kuwi?
  3. Apa bab kang mangkono kuwi klebu nalar ?
  4. Apa kowe wis tau ngerti crita nanging lali papan dununge utawa ana ing ngendi kelakone ?
  5. Coba ngaranana lelakon kang klebu nggumunake !

III. Kawruh basa

A. Tuladha :

 Kala mangsane sing ora tinemu ing nalar bisa kelakon.

Ukara-ukara iki isenana andhahane tembung laku sing
 cumawis ing sisih tengen !

  1. Aku wurukana ........... etungan iki!
  2. Durung ngerti......... wong bebakulan kok wani kulakan werna-werna, lha rugi.
  3. Yen numpak pit montor, saka desaku tekan kutha kabupaten kira-kira ............ rong jam.
  4. Dhek bengi aku nonton wayang, ......... Gathutkaca Rebutan Kikis.
  5. Yen atimu keduga anggone nari pamanmu kuwi becik ....................
  6. Yen sliramu durung entuk pagawean sing maton, montorku bae .................. dene setoranmu ya saentuke bae.
  7. Taun iki yuswane ibu 32 taun ........ ganepe 32 taun besuk tanggal 17 Mei.
  8. Saben esuk, bubar salat subuh, aku ..... watara sajam.

  1. lakon
  2. laku-lakune
  3. lakune
  4. lakokna
  5. lakone
  6. lakonana
  7. kelakon
  8. mlaku mlaku
  9. mlaku
  10. lelakon
  11. nglakoni
  12. lakumu

Mbs-2- 27