Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sinaunipun saya mindhak mempeng lan sregep, rumaos ageng manahipun. Najan mekaten, Purwadi boten lajeng gumedhe, tebih saking tembung : adigang, adigung, adiguna.
Sedaya wau awit tiyang sepuhipun boten katlompen anggenipun suka tetuladhan amrih lare boten kepatuh tumindak ingkang kirang prayogi. Asring sanget tiyang sepuhipun nedah-nedahaken dhateng lare bab wasiyat punapa dene wasita adi. Kadosta : Sapa temen tinemu, ulat madhep ati karep, jer basuki mawa beya, sapa salah seleh, becik ketitik ala ketara, aja dumeh, ngundhuh wohing panggawe.
Sedaya punika tansah cumithak wonten ing telenging manahipun Purwadi. Len, ndayani pasinaonipun saya sengkut lan tumemen. Ewadene, dhateng padamelan ing griya ugi sregep kawastanan lare doyan damel.
Purwadi saged sanget mbage wekdal, pundi ingkang kangge sinau, pundi ingkang kangge mbiyantu tiyang sepuh. Sanajan gadhah rencang, Purwadi boten kumandara. Rumengkuhipun dhateng rencang kados dhateng batih. Punika wau njalari rencangipun malah saya ering lan ngeosi.


B. Wangsulana kang patitis, luwes, abasa krama !

  1. Kepriye sinaune Purwadi ?
  2. Apa wong tuwane sok aweh tetuladhan ?
  3. Apa saben dina Purwadi Muh sinau thok, ora ngreti gawean ngomah ?
  4. Kepriye tangkepe Purwadi marang rewang ?
  5. Purwadi iku doyan ing gawe. Apa sinaune ora banjur kether ?


III. Kawruh basa

A. Tuladha :

  1. Tiyang sepuhipun gak ketlompen anggenipun suka tetuladhan.
  2. Tiyang sepuhipun boten nate kesupen anggenipun suka tetuladhan.


Mbs-2- 19