Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Purwadi boten gumedhe.
  2. Pikajengipun tiyang sepuh amrih lare boten kepatuh tumindak ingkang kirang prayogi.
  3. Asring sanget tiyang sepuhipun nedahaken wasiyat dhateng lare.
  4. Sadaya wau ndayani pasinaonipun saya sengkut lan tumemen.
  5. Sanajan gadhah rencang, Purwadhi boten kumandara.
  6. Rumengkuhipun dhateng rencang kados dhateng batih.
  7. Punika wau njalari rencangipun malah saya ering lan ngaosi.
  8. Bukunipun: Purwadi sampun komplit, namung kirang bausastra lan buku paribasan.

B. Tuladha :

  a. Purwadi minggah klas, ndadosaken bombonging manahipun ............................
  b. Purwadi minggah kelas, ndadosaken bombonging manahipun tiyang sepuh.

  Ukara-ukara iki ganepana kaya tuladha ing nduwur; nganggo tembung camboran kang
  cumawis ing sisih tengen !

  1. Ibu ngayaki glepung arep kagem ngasta ......
  2. Panganten sekaliyan mangagem nyamping ................................
  3. Rawuhe para tamu dipethukake gendhing ................................
  4. Yen pinuju mangsa petengan mangka langite resik tanpa mendhung, lintang katon ngregancang ing tengah tengahing lintang-lintang liyane.
  5. Daleme simbah kinupeng ing ............
  6. Layange anake kena kanggo panglipur, minangka ....................

  1. kebo giro
  2. sida mukti
  3. nagasari
  4. bima sekti
  5. sikil meja
  6. tamba kangen
  7. pager bata

20