Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Purwadi : "Anu, Bu, menawi buku wucalan pancen leres sampun gadhah sadaya. Ingkang badhe kula tumbas punika bausastra lan buku paribasan."
Ibu : "O, ngono, enya pira regane, kepara dakserepi, kanggo jagan, ya. Sing mundhak sregep lho, sinaune !"
Purwadi : "Inggih, Bu, badhe kula sregepi saestu. Sampun, Bu, kula bidhal sapunika."
Ibu : "Iya, iya. Ngati-ati lho!"
Purwadi : "Inggih, Bu, sendika."


B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung-tembung sing dhoyong cap-capane kedalna sing trep !

  1. a. Kanca pira sing padha budhal iki mengko ?
    b. Kancamu apa wis padha kokangseni ?
  2. a. Kowe mau tawa apa ?
    b. Dakkira tawamu ora tenanan.
  3. a. Kowe kok ngreti, sing kandha sapa?
    b. Anu, kandhane wong-wong kuwi lho.
  4. a. Kayu nangka pancen kena dienggo balungan omah.
    b. Wit nangkaku tegoren, peken, wong wis ora gelem awoh.
  5. a. Kowe gelem tampa resik pira?
    b. Wis kono, pira-pira daktampani.


II Maca titi

A. Wacanen batin !


Mundhak sregep sinau

Purwadi saestu minggah klas kalih, malah kapilih dados juwara kapisan.

Boten nggumunaken menawi larenipun seneng. Punapa malih tiyang sepuhipun, bombonging manah boten kinanten.

18