Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN II

I. A. Pacelathon
Tindakna !

Sregep Sinau
Purwadi : "Bu, punapa kagungan arta?"
Ibu : "Arep kanggo apa ta, apa arep nonton ?"
Purwadi : "Inggih, Bu."
Ibu : "Apa kowe arep kesed-kesedan, malem Senen barang athik ora sinau. Wis kepinteren ayake, Pur, kowe."
Purwadi : "Ibu punika lho. Tiyang dereng rampung atur kula Ibu sampun duka."
Ibu : "Lho lha jare arep nonton, mangka sesuk ki TPB. Lagi klas loro we sinaune wis kendho, mengko klas telu terus mlayu. Sapa sing ora duka, hara !"
Purwadi : "Leres Ibu punika, leres sanget. Menawi mangke kula ningali......, ningali bioskup temtu leres Ibu duka."
Ibu : "Lha apa, nonton ki nek ora nonton bioskup, apa band, wayang, arep nonton apa meneh ?"
Purwadi : "Punapa boten wonten sanesipun, Bu ?"
Ibu : "Lha ubyang-ubyung liyane kuwi. Pancen kowe

mundhak sregep kok, Gus, cah bagus tenan kowe."

Purwadi : "Wah, wah, selak kakehan dosa. Kula badhe ningali ......, ningali toko buku, kok, Bu. Punapa kagungan arta ?"
Ibu : "Pur, Pur, karo Ibu kok senenge gawe dheg. Bok mau enggal matur sing teteh. Nek Ibu ora duka kok ora lega."
Purwadi : "Kula remen, Bu, dipun dukani Ibu uger namung sekedhik-sekedhik."
Ibu : "Arep apa, ta, kok nonton toko buku ? Gajege

buku-bukumu wis komplit."


Mbs-2-17